Postingan

Menampilkan postingan dari Juli, 2009

DUGA PRAYOGA ARJUNASASRA

MUNG ngedhangkarang sila tumpang, ora kudu tumandang nglamar menyang Manggada, nanging Prabu Arjunasasrabau bisa nggarwa Citrawati. Ora rekasa muter Sriwedari, nanging kelakon nyandhing putri pangawak widadari. Dene Sumantri, mung dadi bemper. Rumangsa dheweke sing luwih pantes sinebut the real king, thukul krentege nantang Arjunasasrabau. Kaduk wani kurang duga! Kudune wong wani iku nganggo petungan, ngenggoni tatanan, sarta lumaku jumbuh karo empan papan. Luwih-luwih marang sing mesthine dibekteni. Ora angger wani, nanging kudu nganggo duga-prayoga. Yen ora, ‘’kaduk wani kurang duga’’ jenenge. Kewanen, nanging kurang petung. Sugih kendel bandha wani, murang tata dadine. Ana tembange sing bisa dadi pepeling: Deduga lawan prayoga/ myang watara reringa awya lali/ iku parabot satuhu/ tan kena tininggala/ tangi lungguh angadeg tuwin lumaku/angucap meneng anendra/ duga-duga nora keri. Yen kagolongake, tembang mau ing jagading kasusastran Jawa klasik kalebu ewoning sastra piwulang. Tegese,